Tuesday, March 20, 2007

TRANSKRIP SURAT KPH. GONDOSUPUTRO


Serat saha ingkang taklim, saking Kanjeng Pangeran Harya Gandasuputra, dhumateng Kyai Raden Tumenggung Jaya Sarosa, Papatih Dalem ing Mangkunegaran.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula acanthol atur ing Sampeyan, kunjukipun ing Sampeyan Dalem Kanjeng Gusti kula sumangga.
Ing ngajeng kula tampi dhawah Dalem, katantun ngalih dhumateng MANGKUNINGRATAN, kula inggih sandika.

Ingkang punika : manawi kapareng saking karsa Dalem, griya sapapanipun, kula suwun lastantuning kados nalika kadaleman Raden Mas Harta Mangkuningrat.

Anjawi, punika, saking atur panuwun kula, mugi wontenasih kawelasan Dalem, paring sangu, kenginga kula angge wragad tambal sulam ingkang sami risak-risak. Ingkang saupami boten wonten pitulung Dalem, kados badhe andadosaken kasusahan kula. Jalaran anggen kula kerep ngolah-ngalih.

Wondening serat-serat cacah kawontenanipun griya kula ing Ganda Saputran, ugi kula caosaken sareng kalayan serat punika.

Tanggal kaping. 13 Wulan September, Tahun 1867

Ttd.
GONDOSUPUTRO
Transkripsi arsip No. MN.IV. 7.

No comments: